GENERATOR

Selasa, 13 Maret 2012

ASAL USULE LEMAH GEMPAL



        Wiwit jaman biyen , Semarang wis kebanjiran . Babagan iku wis ora aneh maneh awit tlatah Semarang mapan sacedhake segara , apa meneh ana satengahe kutha diliwati kali gedhe . Kaanan kaya mangkono iku gawe mirise warga Semarang sing mapan sapinggire kali yen mangsa rendheng . Wis mesthi angger udan banjir uga neka . Ora sithik bandha donya lan raja kaya sing kentir katut banjur , ora mung kuwi kadhang kala ana korban jiwa .
            Pamarentah Walanda sing nguwasani Semarang wektu iku uga ora tentrem ndeleng banjir saben rendheng iku . Isi gedhung lan layang – layang sing penting katut banjir lan ilang . Pamarentah Walanda golek cara kanggo nyegah banjir . Miturut para winasis kanggo nyegah banjir , kudu nggawe kanal . Kanal iku kali sing gedhe kanggo nampa lan ngilekake banyu saka kali – kali tumuju segara . Banjur kabangun kanal loro cacahe ana sisih wetan lan sisih kulon , banjur dijenengake Banjir Kanal Timur lan Banjar Kanal Barat .
            Critane nalika mbangun kanal sing kulon (Banjir Kanal Barat) ana kedadean sing nganeh – anehi . Lemah dhudhukan sing ditumpuk sakiwa tengene kali bola bali longsor . Para kuli lan winasis padha bingung angger lemah wis numpuk banjur gempal , longsor maneh . Ana kuli sing duwe panemu manawa kadadean iki ora sabaene , lan ora tinemu nalar , “Kepriye yen awake dhewe golek wong pinter sing ‘ngerti’ kaanan iki?” pitakone marang kancane . “Yen mangkono aku uga mathuk , aku krungu ana kyai sing sekti lan waskitha” wangsulane sing liyane . “Tinimbang ora rampung , ayo nyuwun pitulungan supaya enggal bisa rampung” ana uga sing sumambung nambahi .
            Sawetara iku , para winasis utawa insinyur padha rembugan kanthi teori carane nyegah gempale lemah mau . Angger ana panemu anyar mesthi wurung ora ana asile , nganti pirang – pirang dina pagawean iku ora bisa rampung .Wusanane para insinyur pada pasrah , sarehne dadi mandheg . Para kuli ngaturake uneg – unege supaya njaluk tulung marang kyai . Wiwitane para insinyur ora manthuk , nanging marga buntu usulane kuli tinampa . Banjur salah sijine kuli dipercaya sowan kyai . “Ki sanak aja gumun , aku wis ngerti karepmu sowan iki” , ngendikane kyai . “Lho , dados kyai sampun pirsa?” pitakone kuli . “Ya babagan tanggul sing tansah gempal to?” ngendikane kyai nerangake . “Inggih leres kula nyuwun pitulungan kados pundi priyoganipun” ature kuli .
            “ Ngene , sampeyan mundhut watu sing ana tengen lan kiwane omah iki , pendhemen watu mau ana tanggul sing lagi digarap , muga – muga gusti allah paring gangsar lan lancar panggawene tanggul . Welingku aja pisan – pisan noleh yen durung tekan papan mau .”
            Dhawuhe kyai mau diestokake temenan dening kuli , lan pranyata sawise kabeh dhawuhe kyai ditindakake tanggule ora gempal maneh . Wiwit kedadean iku papan sacedhake kanal mau dijenengake Lemah Gempal .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar